KPJ 101 ALLAH KANG DADOS PEPADHANG
Versi Version 1
1
Allah kang dados pepadhang
nuntun dhateng kraharjan.
Astanya sestu santosa,
ngreksa tyang kang pracaya.
Pepadhang ing Allah nganthi,
ngirid ing ngajeng lan wuri,
2
Allah kang dados pepadhang peparing klayan loma.
Sabdanya kebak pangwasa, sung pangayoman nyata.
Sèstu pepakèning Allah nyegerken manah kang lesah,
wah ngiyatken ing lampah.
3
Allah kang dados pepadhang, nuntun kanthi katresnan.
Gegayuhaning pra suci, margining kasampurnan.
Kula badhé salaminya ndhèrèk Gusti klayan setya,
wit mesthi dugèng swarga.
4
Allah kang dados pepadhang, madhangi manah kula.
salaminya kula gesang tansah pasrah-pracaya.
Kula tan ajrih bebaya, karibedan wah sangsara,
wit Gusti nganthi kula.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK