KPJ 18 NYAWAKU, PUJINEN ALLAH!
Versi Version 1
1
Nyawaku, pujinen Allah! Gusti mulyakna tansah!
Slawase sinungan umur, luhurna srana masmur!
krana namung Pangeran, yekti tuking kraharjan.
2
Andel-andel kang sejati sajuga, yéku Gusti.
Salir jalma tanpa daya, kwasané énggal sirna.
Tyang kang ngayomi mring Allah tansah rinoban berkah.
3
Allah kang nitahken jagad, kasetyané tan kendhat;
mbéla tyang kinaniaya, nulungi tyang sangsara,
njejegken kaadilan, ngluwari tyang ukuman.
4
Pangéran Allah Maasih ngiyatken tyang kang ringkih,
mbombong tyang sisah manahnya, nyarasken tyang kang wuta
Tyang mursid dèn kasihi wah ngrukti tyang ketrini.
5
Pangéran jumeneng raja, pangrèhé ing slaminya,
tan négakken kang siniksa, gya nylametken umatnya.
Sagunging tyang pracaya ngidungna, "Haléluya"

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK