KPJ 196 KULA PÉNGIN LIR GUSTI
Versi Version 1
1
Kula péngin lir Gusti, sumlondhoh ing ati,
tandang tanduk lan tembung mrak ati ngresepi.
O, lah, kawula sèstu tan mèmper lan Gusti.
Kula mugi winulang, nulad maring Gusti.
2
Kula péngin lir Gusti, sumarah lan pasrah,
napa kang sunlampahi, nut karsaning Allah.
3
Kula péngin lir Gusti, melasi pra miskin,
tetulung kang kribedan klawan trus ing batin
4
Kula pengin lir Gusti, tresna maring mengsah,
sanadyan denpoyoki tan sakit ing manah.
5
Kula péngin lir Gusti, tresna maring Allah,
nindakna kasaénan, ulah pangibadah.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK