KPJ 212 AKU MBOK CARITANANA
Versi Version 1
1
Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta;
pepadhanging wong sabumi, Putreng Allah Masuci.
Ya jatining kauripan, langgeng tan winatesan.
Margane tumekeng swarga, Imam Agung sampurna.
Juru Pangon kang utama, wah pangruwatmanungsa.
2
Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta;
yeku Sang Kristus Masuci, Gustining para gusti,
Ratuning salir pra ratu, ya Sang Guru satuhu.
Sabdeng Allah kang manjalma, wah putraning Manungsa.
Jumeneng cempening Allah, Abdining Sang Yehuwah.
3
Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta;
Panutaning wong percaya, Ratu Adil sanyata.
Sang Alfa lan Omega, pangreh jagad lan swarga.
Mustakaning pasamuwan, kang paring kauripan.
Hakim ing dina wekasan, kang ngasta pangadilan.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK