KPJ 217 DALU SANTI
Versi Version 1
1
Dalu santi, abyor cahyèng kartika; dalu suci miyosing Pamarta.
Jagad raya kang risak wit duraka den pulihkèn pindha Pirdus mulya.
Pra manungsa kang sangsara wit dosa, linuwaran mrih tentrem raharja.
Swawi sujud saos bekti mring Gusti.
Dalu santi, Panebus wus manjalma;
dalu suci, dalu, dalu santi.
2
Dalu santi, lintang panjer sung cahya; dalu suci, rawuhing Sang Putra.
Bayi suci rinengga kaapesan, karsa mbikak korining kaswargan;
angrukunken Allah klayan manungsa, wah sung gesang sejati, sampurna.
3
Dalu santi, putra tedhak nèng donya; dalu suci, mlaékat sung puja.
Kang Mamulya karsa ngesorken srira, ngrembat dosa mrih jagad slameta.
Dayaning pati mangkya ingasorken, pra manungsa sinung gesang langgeng.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK