KPJ 309 LAMUN SIRA ING BEBAYA
Versi Version 1
1
Lamun sira ing bebaya,
aywa mangum tataga!
Tatag tanggon tan suwala,
Gusti Allah datan tega;
mesthi paring kuwawa
mbengkas godha rencana.
2
Lamun bebaya ndrebala, adoh sih pitulungan;
tindak culika anyerang aywa geter kalimpungan,
aywa gawe sumelang; eling Gusti, prayogi.
3
Duk ginubet kasusahan, aywa miris lan kwatir!
Nyuwun Gusti pitullllungan, duk sedhih metek anindhih,
Lah, iku kapasrahna mring Gusti Mawilasa!
4
Aku pracaya Sang Sabda, datan cidra ing janji,
ugi datan damel cuwa mring kang purun anyelaki.
Sabdanya iku ya amin; hayu kang manut denpimpin.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK