KPJ 312 PUNAPA KANTHI SAESTU
Versi Version 1
1
Punapa kanthi saestu
nggen kula sami ngakeni
gesang ingkang kebak dosa,
sinanggi ing siyang ratri,
wit saking ringkih ing jalma,
tan saged dipun endhani.
2
Punapa klayan tyas tulus ngakeni Gusti pribadi
nggenipun sangsara seda, wit nebus disaning jalmi.
Saiba nggen kula begja, mila mangga den sowani.
3
Punapa kanthi satuhu nggen kula masrahken dhiri,
mrih lampahing gesang kula manut sakarsaning Gusti
kang nuntun mring karaharjan, wit tresnanya lair-batin.
4
Punapa klayan saestu anggen kula ndherek Gusti;
saos sokur tanpa kendhat, krana Gusti tansah nganthi,
ingangkah wilujeng kula, wah tentreming tyang sabumi.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK