KPJ 369 TETIYANG KANG ADIGANG
Versi Version 1
1
Tetiyang kang adigang mung nyebar panandhang.
Wa teknya sami tegel, nindhes mring sanes tyang.
Pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti.
Nging tyang tresna satuhu, gesang yekti,
nging tyang tresna satuhu, gesang yekti.
2
Tetiyang kang adigung mung nandur sangsara.
Remen umuk, gumunggung, ngina mring pepadha.
Mesthi ngundhuh antaka, wit adiling Allah.
Nging tyang kang lembah-manah sinung berkah (2x)
3
Tetiyang adiguna mung ndhedher cilaka,
nganggep Allah tan ana, sabdanya mung nglaha.
Mung panen karisakan, dukaning pangeran.
Nging tyang ering mring Allah, kinasihan (2x)
4
Tyang kang ngendelken dhiri, mung ngundhuh bilai.
Tansah ngumbar pikajeng, tan ngetang sesami.
Gesang jroning pepeteng, pikolehnya pati.
Karaharjan kang langgeng mung ing Gusti (2x)

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK