KPJ 398 AKU KANGEN MRING OMAHKU
Versi Version 1
1
Aku kangen mring omahku,
omahku kang ana ing swarga,
ing panggonane para suci,
kang aputih busana nira
Omahku, neng swarga,
aku kangen mring omahku.
Omahku, omahku neng swarga;
omahku kang aneng swarga
2
Aku kangen mring pra mitra;
pra mitra kang wus aneng swarga
kang memuji lan suka-rena,
wus tan eling sedhihing donya.
Pra mitra, neng swarga;
aku kangen mring pra mitra;
pra mitra, pra mitra neng swarga,
pra mitra kang aneng swarga.
3
Aku kangen mring Gustiku;
Gustiku kang ana ing swarga,
kang nebus aku srana rahe;
wus nyawisi omah kang mulya
Gustiku neng swarga;
aku kangen mring Gustiku;
Gustiku, Gustiku neng swarga,
Gustiku kang aneng swarga.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK