KPJ 86 MUGI SAMPUN ANGLANGKUNGI
Versi Version 1
1
Mugi sampun anglangkungi dhateng kula, dhuh Rama.
Tyang kathah Paduka wlasi, mugi mlasi mring kula
nggih kula nggih kula, mugi mlasi mring kula.
2
Sampun anglangkungi kula, dhuh Pamarta kang setya
Gusti nimbali tyang dosa, mugi nimbali kula;
nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula.
3
Dhuh Roh Suci mugi sampun anglangkungi kawula;
tyang wuta antuk pepadhang, mugi madhangi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula.
4
Dhuh Pangèn, sampun alangkung, sih Paduka rumeksa.
Tyang sanès dipun ayomi, mugi ngayomi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi ngayomi kula.
5
Kula mireng tíyang kathah tampi berkah Paduka;
wit kula ingangkat putra, mugi mberkahi kula;
nggih kula, nggih kula, mugi mberkahi kula.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK