KPKA 14 Allah Maha Suci
Versi Version 1
1
Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja,
suci suci suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya.
2
Suci, suci, suci pujining pra suci angumandhang sora ngebeki akasa,
pra mlaekat sami sujud angabekti, ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat.
3
Suci, suci, suci, Allah Mahasuci gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti,
tetalesing bumi gonjing dening puji, pra makluk wrata girang memuji.
4
Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya,
nucekken manungsa kang pitados yekti, yogya pinuji langgeng slaminya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK