KPKA 164 Agunging Sih Rahmat
Versi Version 1
1
Sestu adi wah gung yekti sih rahmat sing Gusti
nylametken kula tyang dosa dyan tentrem raharja
2
Nggih sih rahmat kang sung begja mring tyang kang pracaya,
sing pejah wit rehing dosa mangkya gesang nyata.
3
Sih rahmat niku sung padhang mring manah kang lesah,
nuntun tyang mursal wah nglambrang setya bekti Allah.
4
Nadyan kathah pepalangnya nyanggi salib ugi,
nging sih rahmat nuntun kula tulus tresna Gusti.
5
Yen sampurnaning sih rahmat binabar sanyata,
kula manunggal tan pegat lan Gusti ing swarga.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK