KPKA 167 Panuntuning Gusti
Versi Version 1
1
Allah Rama ngreksa ngrimati kula
kabegjan kraharjan kang pinanggya
lamun nyanggi momotan lan sangsara
tinunggil mrih tan ngantos semplah,
kula pasrah lan sumarah mring Gusti panuntunnya wus mesthi prayogi
ing wusananya kula dugeng swarga satuhu ngrasuk gesang sampurna.
2
Yesus Gusti nebus kula tyang dosa, wah ngiyatken kula gesang suci,
manggul salib wit ndherek Sang pamarta, nekseni margining basuki.
3
Sang Roh Suci nuntun kula mring swargi, ing lampah utami manut Gusti,
labuh labet mbabar adil satuhu, bebener wah tentrem rahayu,

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK