KPKA 190 Tyang Kang Manut Angger-Angger
Versi Version 1
1
Rahayu tyang utami ing lampah ngambah margi prentahing Sang Yehuwah
rahayu kang netepi sabdanya
tyang kang manut ing sapangrehe Gusti sarta tansah telaten netepi
sakarsane klawan eklas ing ati.
2
Marginira tyang lampah utama nggih tyang anem jujur ing lampahira
mbangun turut mring sabdaning Allah
ngupadi Allah lan gumolong ati wah ngandhemi prasetyaning Gusti
nyingkiri dosa, panerak, pamblunthah.
3
Gusti mugi ngirid lampah kula manut sabdeng suci ing salaminya
tansah karem gesang mursid nyata
cacading gesang kula kasingkirna temah kula temen trus ing manah
nindakken pranataning Sang Yehuwah,
4
Sabdaning Allah kang dadya dilah madhangi kula murih mursid tansah
nggih nuntun kula bekti mring Allah
kula supaos nedya den tetepi ngestokken sagung prentahe Gusti
tan wigih kangelan dugeng ing janji

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK