KPKA 198 Pamuji Ing Bujana Suci
Versi Version 1
1
Dhuh nyawaku sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci
sabatinku ngluhurna asmane dhuh nyawaku Yehuwah kamulyakna
aja lali mring gunging kadarmannya elingana sawiji wijine
2
Pujinen kang ngapura dosanira kang marasken sagung lelaranira
nebus uripmu saking antaka kang ngerobi sira klawan kawlasan
wah maregi umurmu lan kadarman myang ngenomke kakuwatanira
3
Yehuwah paring adil kang sanyata mring saliring wong kang kinaniaya
saklangkung dennya sung palimirma agung sabare lan sih kadarmannya
datan salaminya nggenira duka wah bebendunya den sirep nulya.
4
Sepira dhuwure langit sing bumi samono sih kadarmane Pangeran
mring wong kang nyaosi pangabekti sepira dohe kulon saka wetan
samono nggenira ngedohken dosa wah panerak sing tyang kang pracaya
5
Kadya welasing bapa mring anaknya mangkono Allah dennya asih darma
mring wong kang nyaosi pangabekti mila slamanya yogya den pepuji
kamulyane den caritakna yekti mrih sagunging manungsa ngabekti
6
Pangeran Yehuwah ambeg welasan wah tansah ngegungken ing kasabaran
sih susetyane langgeng slawase wah enggal sirep duka bramantyane
nging tansah ngluberken sih mring tyang dosa tyang kang lepat mesthi den apura.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK