KPKA 201 Timbalan Ndherek ing Bujana
Versi Version 1
1
Gusti nimbali kula samya ndherek ing sakramen bujana
nggih tetunggilan klayan Gusti sarta nyawiji lan sesami
sih-sinihan binabar nyata silih leladi dentindakna
nging kula asring tan lampah tresna adhuh Gusti nyuwun pangaksama
2
Sakramen Bujana ngengetna kurbaning Sang Kristus Pamarta
anggur roti pratandha yekti margining tyang dosa basuki
tepang klayan Allah Masuci sarta rukun klayan sesami
nging kula taksih asring perdondi adhuh Gusti kula nyuwun suci
3
Bujana kang suci nimbali pasamuwan samya nyawiji
lir badan kang namung sajuga nanging kathah peranganira
wit niku paseksi sanyata Kristus Juru Slamet manungsa
nanging kula asring cecongkrahan dhuh Gusti ngapuntena mring kula

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK