KPKA 62 Karahayoning Tyang Mursid
Versi Version 1
1
Rahayu wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah
rameng gawe sepi pamrih kasengsem sabdeng Allah
wong bener wah ngabekti slamanya den berkahi lan turune lestari.
2
Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan,
kautamane slamanya tanggon ing karupekan,
yen pepeteng nglimputi gya pepadhang nelahi wit tinunggil ing Gusti.
3
Wong loma sinung kabegjan slamanya kinasihan,
wong jujur tulus ing lampah sinebut-sebut tansah,
mring wong drengki tan wedi nging pracaya mring Gusti rineksa ing Hyang Widi.
4
Wong awatak welas asih mring kang miskin wah ringkih,
kanggonan kamulyan yekti nggih kamulyaning budi,
wong duraka mung meri ngangah-angah ing pati, pituwase bilai.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK