KPKA 94 Nyuwun Gumelaripun Kratoning Swarga
Versi Version 1
1
Dhuh Gusti nggih binabarna Kratoning Allah ing jagad
pra umat samya raharja krana rinoban sihrahmat
2
Bebener wah kaadilan kajujuran lan katresnan
binabar nyata ing donya wit pangreh kwasaning Allah.
3
Kang aneng Kratoning Allah mung tentrem rahayu tansah
tan ana kang cecongkrahan samya nandukken katresnan
4
Dhuh Sang Kristus yeku Gusti den enggal rawuh ngadili
mrih samukawis sampurna pra umat gesang neng swarga
(Panutup) : Amin

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK