KPKL 101 Pandonganipun Tiyang Ingkang Saweg Nglampahi Kabaptis
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Gusti kang seda gentose
Tiyang dosa kang nista
Tiyang ingkang pangraose
Gadhah manah kang cela
Ngakeni dosanipun
Mawi wirang lan getun
Temen nyuwun pangapunten
Nggih mesthi Tuwan apunten
2
Kula sami ngaken dosa
Wonten ngayunan Tuwan
Tuwan adamel santosa
Tyas kula kang kwirangan
Drapon mantep ngandela
Janji Tuwan kang setya
Myang kasucekna ing driya
Asma Tuwan pinujia
3
Gusti asih lan prawira
Juru pangen kang setya
Kang sampun masrahken srira
Seda krana pra menda
Kula sami lumebet
Pamong Tuwan kang pened
Kula menda pepanggihan
Kang cinandhang ing kamulyan
4
Mangke kula ingecapan
Manjing kagungan Tuwan
Alepat ukum myang laknat
De nunggil seda Tuwan
Mangke kula tyang dosa
Kasiraman ing toya
Pasemone ing patobat
Tuwan nyampurnakken tobat
5
Tuwan mugi aniteni
Manah kula tumennya
Inggih karsa angideni
Kadrenging kajat kula
Nyuwun baptis samangkya
Drapon tansah ngestokna
Karsa Tuwan kang pinuji
Margi dening Roh kang Suci

OK