KPKL 107 Dhaupipun Sadherek
1=Bes 4/4
Versi Version 1
1
Tetangsul ing dhaup suci
Suh awet saha manis
Nunggilken manah kekalih
Temah sae kakapti
Sami rukun atut runtut
Wah trisnanira salutut
Sami mukti saestu
2
Dhuh Allah, purbaning tresna
Atur panyuwun kula
Mugi parenga ing karsa
Tuwan maringi idi
Sarta malih anjangkungi
Sadherek kula punika
Panganten jaler estri
3
Mugi nggennya sesemahan
Kalulusna ing Tuwan
Ginanjara berkat slamet
Nggih berkating katrisnan
Engthenga bot repotira
Tebihna bencananira
Tiyang gesang neng donya
4
Mugi Tuwan cakepana
Ing sabetahing griya
Sinungana umur panjang
Wah bagas kasarasan
Dhaupnya dadosa, temah
Anggenipun momong anak
Kalayan kraharjan
5
Mugi agunga sih Tuwan
Dhateng panganten kula
Sami dados sesemahan
Rengganing pasamuwan
Nunggila ing pangabekti
Saha pandonga mring Gusti
Kaserepan tyang alim

OK