KPKL 11 Masmur 36:6–11
1=As 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Allah sih kadarman Tuwan
Estu sundhul ing akasa
Wah kasetyan Tuwan ngungkuli
inggil-inggilipun mega
Pangadilan Tuwan punika
kekahnya lir pendah ardya
Wah malih leleresan Tuwan
Tan jajag kados samodra
2
Dhuh Allah, Tuwan
kang nggesangi manuswa
lan sato kewan
Saiba gunging adinira
Ing sih lan kadarman Tuwan!
Pra jalma ngantos sami ngungsi
Mring aubing swiwi Tuwan
Atuwuk dennya linuberan
Paring Tuwan kabingahan
3
Dene tuking gesang punika
wonten ing Tuwan, dhuh Allah
Namung pepadhang Tuwan piyambak
Kang saged madhangi manah
Tyang mursid mugi rinobana
Ing sih lan kadarman Tuwan
Tyang tumemen ingaubana
Ing pangadilane Pang’ran

OK