KPKL 110 Nucekaken Greja Enggal
1=G
Versi Version 1
1
Daweg sami minggah sudara
Melbet ing greja punika
Sami sujud mring kang Makwasa
Anggunggung kadarmanipun
Dene greja enggal punika
Saestu dados pratandha
Yen Gusti tansah anjangkungi
Sarta ngayomi pasam’wan
2
Dhuh Gusti, kula nucekaken
Gareja enggal punika
Kang sarta kula suwunaken
Pangreksa Tuwan kang kwasa
Kang mugi marengi ing karsa
Anganggep greja punika
Kados kagungan Tuwan pyambak
‘Nggih padaleman Tuwan
3
Lamun pasam’wan Tuwan sujud
Wonten ing greja punika
Ndedonga lan nyaosi sukur
Mugi-mugi katrimaha
Ing saben-saben Injil Tuwan
Ginelaraken ing ngriki
Kang mugi-mugi kairinga
Ing Roh Tuwan kang Ma’suci

OK