KPKL 121 Sih Palimirmanipun Allah
1=Es 4/4
Versi Version 1
1
Sihe Allah maring jagad
Ngantos nyangken kang Putra
Mring campah lan kawirangan
Drapon jagad slameta
Duk taksih samya duraka
Kula sinungan welas
Seda putrane Allah
Anebus kula sing nraka
Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
2
Drapon luwar saking dosa
Kula sinung Roh Suci
Kang nitahken tyas santosa
Anglipur lan madhangi
Angreh lampah lan pangrasa
Salebet waton tresna
Mulang tataning swarga
Matemah raharja baka
Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
3
Niku sih kang ngeramaken
Tanpa tandhing tur mirah
Tyang dosa karukunaken
Manjing putraning Allah
Nadyan agetun de apes
Lan risaking tyas kula
Sihe Rama kang setya
Nulungi lan mirma ageng
Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
4
Biyung napa saged tega
Bayine manggih tiwas ?
Napa pantes nama rena
Kolu risaking anak ?
Langkung malih, adhuh Rama
Kang mirsa ribed kula
Tuwan mlasi ribed kula
Kang sampun sinung aksama
Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
5
Lamun kula ngajengaken
Badhe apegat nyawa
Ngriku ugi taksih mantep
Nggunggung sih palimirma
Inggih kula luhuraken
Neng ngarsane Sang Rama
Wah ngarsane kang Putra
Tansah mawi ngidhungaken
Allah asih, manusa lan mlaekat mujia

OK