KPKL 126 Nyuwun Manah Suci Ingkang Pitajeng
1=Es 4/4
Versi Version 1
1
Hyang Ma’suci, kang ningali
Batining samudaya
Mirsa kula jember nistha
Risak de gung duraka
2
Cahyeng lintang kredhep endah
Tan padhang neng ngarsanya
Mangka kula kebak dosa
Kados napa rupanya ?
3
Kula ngungsi dhateng pundi
Dhuh Allah murbeng nyawa ?
Dhateng Tuwan kang wit welas
Tan nampik tyang cilaka
4
Putra Tuwan sampun nyandhang
Margi dhateng tyang dosa
Antuk sowan ngarsa Tuwan
Kang maha asih darma
5
Amin, inggih wit gunging sih
Neng Golgota sedanya
Srana rahnya manah kula
Sirna sagung dosanya
6
Suprandenya tyasing abdya
Kedah supe lan gingsir
Sring klepatan ngantos uwas
Prihatos miwah tintrim
7
Dhuh Rama gung Tuwan tulung
Tatag pitados kula
Saking tresna angestokna
Karsa Tuwan kang mulya

OK