KPKL 129 Gusti Panuntun Kula
1=D 4/4
Versi Version 1
1
Gusti nuntun lampah kula
Saklangkung nggen kula begja
Tenga pundi purug mami
Tansah kula dipun kanthi
Nggih Gusti kang nganthi mami
Astanya pyambak kang nganthi
Sun nderek teng pundi-pundi
Wit kinanthi dening Gusti
2
Dadosa mlampah yen siyang
Yen manah raose padhang
Dadosa kesaput ratri
Kula dipun kanthi Gusti
Nggih Gusti kang nganthi mami
Astanya pyambak kang nganthi
Sun nderek teng pundi-pundi
Wit kinanthi dening Gusti
3
Gusti nuntun, kula pasrah
Klayan nrimah ing satitah
Tiwas, begja kula pundi
Angger dipun kanthi Gusti
Nggih Gusti kang nganthi mami
Astanya pyambak kang nganthi
Sun nderek teng pundi-pundi
Wit kinanthi dening Gusti
4
De yen sampun dugi janji
Sampun ndhungkap langkah mami
Sun tan ajrih tan sumelang
De Gusti kang nganthi mring wang
Nggih Gusti kang nganthi mami
Astanya pyambak kang nganthi
Sun nderek teng pundi-pundi
Wit kinanthi dening Gusti

OK