KPKL 13 Masmur 46
1=G
Versi Version 1
1
Allah kang dadi pangungsen
Sarta pangauban kita
Banget nggone ketitik dadi
Andel-andel jro krubedan
Kang iku kita tan giris
2
Nadyan gunung pada obah
Kecegura ing segara
Dadia segara gumuruh
Angumbulake unthuke
Dadia gunung gumeter
Dening molak-maliking alun
3
Ana kali-kali akeh
Mbungahken kuthane Allah
Pepunden daleme kang luhur
Allah neng jro kutha iku
dadine mesti santosa
Tinulung wiwit bangun rina
4
Pra umat pada ruara
Kraton-kraton moyag-mayig
Pang’ran nggludugake swaranya
Bumi dadi sumlengeren
Yehuwah njurungi kita
Allahe Yakub beteng kita
5
Mara padha amawasa
Kaelokane Yehuwah
Nggone akarya tetumpesan
Peperangan ingenengake
Tekan pungkasaning bumi
Rata ingobongan ing geni
6
Sira pada amenenga
Mikira yen Ingsun Allah
Linuhur ing salumah bumi
Ya satengahing pra umat
Yehuwah njurungi kita
Allahe Yakub beteng kita

OK