KPKL 131 Gusti Mugi Sampun Langkung
1=A 4/4
Versi Version 1
1
Gusti mugi sampun ngantos
Nglangkungi ulun
Tyang sanes antuk sih Tuwan
Kula nggih nyuwun
Gusti mugi sampun alangkung
Tyang sanes antuk sih Tuwan
Kula nggih nyuwun
2
Gusti mugi myarsakaken
Pasambat mami
Sinten malih ingkang kenging
Kula sambati
Gusti mugi sampun alangkung
Tyang sanes antuk sih Tuwan
Kula nggih nyuwun
3
Nggen kula darbe panyuwun
Namung sih Tuwan
Ingkang kula damel uger
Miwah landhesan
Gusti mugi sampun alangkung
Tyang sanes antuk sih Tuwan
Kula nggih nyuwun
4
Tuwan mugi aningali
Tyas kula trenyuh
Kang sarta Tuwan jampeni
Sageda teguh
Gusti mugi sampun alangkung
Tyang sanes antuk sih Tuwan
Kula nggih nyuwun
5
Gusti tuking sagung lipur
Mugi nglipura
Manah kula kang kawratan
Dening cintaka
Gusti mugi sampun alangkung
Tyang sanes antuk sih Tuwan
Kula nggih nyuwun
6
Aneng donya wah neng swarga
Kula tan darbya
Andel-andel malih, namung
Tuwan priyangga
Gusti mugi sampun alangkung
Tyang sanes antuk sih Tuwan
Kula nggih nyuwun

OK