KPKL 137 Manggul Salib
1=G 3/4
Versi Version 1
1
Gusti Yesus kula badhe
Nderek Tuwan slaminya
Nderek manggul salib Tuwan
Sajeg kula neng donya
Kula Tuwan kiyataken
Sageda tahan susah
Sampun ngantos kemuriten
Sampun cuwa ing manah
2
Nadyan kula sinengitan
Dening tiyang neng donya
Nadyan tinilar ing mitra
Gusti tan nilar kula
Lamun Tuwan ingkang nganthi
Kula ndherek lan bingah
Lamun Tuwan kang ngasihi
Kula tan ngetang susah
3
Kasusahan lan sangsara
Nyaketaken mring Tuwan
Sarta ngatag manah kula
Angupados kaswargan
Kula anandhanga papa
Angger sugih suwarga
Ngangkah napa malih kula
Lamun darbe Pamarta ?

OK