KPKL 14 Masmur 51
1=F
Versi Version 1
1
Dhuh Allah dosa kawula
Mugi Tuwan aksama
Sagung duraka kawula
Mugi Tuwan ruwata
Badan amba kang reged
Tuwan dusi kang nemen
Awit saking sih kadarman
Lan gung palimirma Tuwan
2
Dene gunging dosa kula
Wonten ngajeng kawula
Manah amba ngraosken
Awoning lampah amba
Kula wajib nampeni
Bebendunipun Gusti
Wit kawula lair mila
Nandang dosa lan duraka
3
Badan amba Tuwan dusi
Ngicalken dosa kula
Nyaw’amba Tuwan resiki
Dados pethak sampurna
Manah amba kang sedih
Sageda bingah malih
Ilata amba angluhurna
Asma Tuwan kang wilasa
4
Kurban ingkang katarimah
Wonten ngarsa Paduka
‘Nggih rempu-trenyuhing manah
Panangis, panalangsa
Dosa kula, dhuh Gusti
Sestu kula getuni
Tuwan gung ing pangaksama
Karsa mbirat najis amba

OK