KPKL 142 Kidung Panelangsa
1=F 3/4
Versi Version 1
1
Dhateng pundi Gusti kula
Klangenaning tyas mami
Dhateng pundi ta purugnya
Pundi nggen kula nglari ?
2
Wit sing kathah cidra kula
Mila ngantos koncatan
Gusti kang madhangi manah
Myang tuking kabingahan
3
Sakelangkung susah kula
De tinilar Pamarta
Tyas kula tan saged lilih
Lamun dereng pinanggya
4
Sanget nggen kula kerantan
Yen emut bingah kula
Kala taksih pitepangan
Klayan Tuwan ing sukma
5
Gusti Yesus sakelangkung
Kangen kula mring Tuwan
Sampun Tuwan tegakaken
Mugi wangsul maring wang
6
Mugi karsa angaksama
Ing klepatan kawula
Tyas kula mugi dadosa
Wisma Tuwan slaminya
7
Adhuh Gusti tuking lipur
Mugi wangsul mring kula
Kula badhe ngestokaken
Prentah Tuwan sadaya
8
Kula boten purun malih
Akarya sekel Tuwan
De puruging tresna mami
Namung dhateng Sampeyan

OK