KPKL 146 Asmaning Gusti Kula
1=E 4/4
Versi Version 1
1
Neng kasa ngumandhang
satunggal Asma
Kang anepangaken jagad lan swarga
Tan wonten prayogi kados punika
Lan nyarasken manah trenyuh sadaya
Napa dika dereng weruh
Sinambat wewangi sinten Asmane?
2
Wus pantes Asmane
kagem Pyambake
Kang rawuh ing donya
Wit gunging sihe
Dhateng tiyang dosa
Wah malih seda
De kagungan karsa
ngluwari kula
Napa dika dereng weruh
Sinambat wewangi sinten Asmane?
3
Samangke Pyambake munggeng suwarga
Ingayap para malaekat samya
Nging benjing rawuhe, iba begjane
Bilih kula ndherek nyebut Asmane
Kang wewangi Yesus Kristus
Lah niku Asmane Pamarta kula

OK