KPKL 149 Panggunggung Konjuk Mring Gusti Yesus
1=D 2/4
Versi Version 1
1
Daweg ta kanca
Kang sami pracaya
Den sora-sora angalembana
Mring Gusti kula
Kang sipat wilasa
2
Piwlase Gusti
Maring kula niki
Seestu nglangkungi
Mila prayogi
Pinundi-pundi
Lan pinuji puji
3
Sami den manah
Gusti ingkang pasrah
Sami den manah
Kang Putra Allah
Nglabuhi pejah
Nebusi tyang kathah
4
Kula lan dika
Sami nandhang dosa
Nging sepintena
Klepatan kula
Allah ngaksama
Margi ingkang Putra
5
Daweg ta sami
Temen animbangi
Piwlase Gusti
Langkung utami
Kula wangsuli
Trisna trus ing ati
6
Daweg ta sami
Temen anglampahi
Prentahe Gusti
Gusti ajanji
Badhe ngrencangi
Lantaran Roh Suci
7
Dhuh Gusti kula
Kula pasrah samya
Kang trus ing driya
Mugi mantepa
Nggen kula trisna
Slami-laminya

OK