KPKL 159 Taksih Langkung Panggenan
1=E 6/8
Versi Version 1
1
Wonten ing bujana swarga
Taksih langkung panggenan
Angger tyang dosa mratobat
Mesthi nggih sinuruhan
Gusti ngutus pra abdinya
Ngundangken ing sajagad
Dhateng sawarnining jalma
Kang miskin wah kang cacad :
Rungokna neng swarga
Isih luwih panggonan
Wong dosa mareka,
Sira kang sinuruhan
2
Tyang durjana kang sinalib
Klangkung dennya nalangsa
Anggetuni dosanira
Sinungan pangaksama
Malah winenganan swarga
Ndherek Gusti mring Pirdus
Mangkin saliring tyang dosa
Ingundhangan pawartos :
Rungokna neng swarga
Isih luwih panggonan
Wong dosa mareka,
Sira kang sinuruhan
3
Mila daweg kanca kula
Samya marek mring Gusti
Kang tan nampik tiyang dosa
Kang melik dados suci
Sinten rumaos klepatan
Wah kawratan ing dosa
Anilingna Injilu’llah
Bra ngumandhang asora :
Rungokna neng swarga
Isih luwih panggonan
Wong dosa mareka,
Sira kang sinuruhan

OK