KPKL 161 Nyuwun Suci
1=G 3/4
Versi Version 1
1
Pundi kang najis tan kenging
Mlebet dhateng swarga
Tuwan tan sudi ningali
Sabarang kang nista
Nyuwun suci adhuh Gusti
Nyuwun suci, nyuwun suci
2
Kang najis dhatan tinrimah
Ngarsane Hyang Sukma
Dhuh Gusti mugi karsaa
Mbirat dosa kula
3
Pundi kang najis tan kenging
Tepang klayan Gusti
Dhuh Roh Allah, kula mugi
Tuwan damel suci
4
Wit kang najis saged sirna
Iba begja kula
Rahe Gusti kang ngicalken
Sakathahing dosa
5
Dhuh Gusti, mugi rah Tuwan
Mbirat najis kula
Kawula dadosa suci
Dyan lumebweng swarga

OK