KPKL 165 Duwea Swiwi
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Duwea swiwi aku gya mabur
Nyang aluhur, nyang aluhur
Nggone salir prihatin wis lebur
Nyang aluhur, ngaluhur
Mabur nyang swarga
Kang endah mulya
Nggone pra putrane Allah
Samya tansah memuji lan sukarena
Neng aluhur, ngaluhur
2
Ya sun mabur
Mring nagri kang suci
Nyang aluhur, nyang aluhur
Nggone wong tansah enggar ing ati
Nyang aluhur, ngaluhur
Nggone tan ana nandhang sangsara
Tan keneng godha, tan gawe dosa
Tansah mukti agirang raharja
Neng aluhur, ngaluhur
3
Kono tan ana wong pepisahan
Neng aluhur, neng aluhur
Miwah kang nangis lan kesusahan
Nang aluhur, ngaluhur
Tan ana crah miwah sesulayan
Kabeh mung olah tresna-tinresnan
Asih lulut dennya pitepungan
Neng aluhur, ngaluhur
4
Lah pra mukti padha ngawe-awe
Neng aluhur, neng ngaluhur
Lah pra mlaekat memuji rame
Nang aluhur, ngaluhur
Gusti nimbali : bocah mareka
Mara tak marek mring Sang Pamarta
Dimen slamanya girang memuja
Neng aluhur, ngaluhur

OK