KPKL 17 Masmur 68
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Bumi nganggoa suka bungah
Pujimu mring Gusti Allah
Asmane kang suci pujinen
Akanthi larasing kawat
Padha munjuka marang Allah
“Elok sapakaryan Tuwan”
Wit saking gunging kwasa Tuwan
Mengsah badhe sami wirang
2
Sajagad badhe sami sujud
Dhuh Allah, neng ngarsa Tuwan
Kaliyan ngungelaken kawat
Ngidhungaken puji Tuwan
Para bangsa majua mawang
Pangrehe Allah kang elok
Paniksane anggegirisi
Marang anaking manusa
3
Wong padha nyabrang ing bengawan
Segara dadi dharatan
Ing kono padha suka rena
Wit pakaryane Pangeran
Langgeng paisesane Allah
Kwasane tanpa wangenan
Pra umat aja ambalila
Aja ngluhurake badan
4
Eh, para bangsa, Allah kita
Padha saosana puji
Lan kaluhurane suwurna !
Nyawa kita den uripi
Tan marengake sikil kita
Anggloyora nganti tiba
Allah ngreksa marang umate
Mila pinuji-pujia
5
Dhuh Allah, Tuwan sampun nyoba
Dumateng abdi Paduka
Sampun Tuwan besot lir slaka
Sami ngraosken sangsara
Kawula ketindhihan tiyang
Tumungkul sirah kawula
Sarta kawula ngantos dhawah
Ing latu miwah ing toya
6
Samangke Tuwan nguwalaken
Abdi Tuwan ing omberan
Nyawa kawula saged ayem
Mlebet dhateng dalem Tuwan
Kawula badhe angluwari
Punagi kula mring Tuwan
Ingkang kawula ucapaken
Ing waktuning karibedan
7
Kawula badhe nyaosaken
Kurban amba dhateng Tuwan
Menda lembu den aturaken
Dhateng padaleman Tuwan
Eh wong kang ngabekti mring Allah
Padha majua, ngrungokna
Dakcaritani kasaenan
Kang saka Allah mring kula
8
Pangangen-angen mring duraka
Yen ketemu ing atiku
Mesthi Allah tan myarsakaken
Pasambat lan panyuwunku
Nanging sanyatane Pangeran
Anilingake swaraku
Pinuji-pujia Yehuwah
Kang tan nampik pandongaku

OK