KPKL 18 Masmur 68
1=D 4/4
Versi Version 1
1
Pangeran jumeneng Raja
Mungsuhe padha buyara
Sami Paduka tundhung
Upami kabur ing kukus
Lir malam ajur ing latu
Mekaten tumpesipun
Nanging tyang mursid bingaha
Lincak-lincak dening suka
Wonten ing ngarsa Tuwan
Sarta agiyak-giyaka
Ngrepekna pujine Allah
Asmanya linuhurna
2
Allah aneng kadatonnya
Ramane pra bocah lola
Lan angemong wong randa
Wong anglembara rineksa
Padha pinaringan uga
Papan kang den enggoni
Allah ngirid wong bandhangan
Temah nemu gung kabegjan
Nanging wong ambalila
Kang den alami mung susah
De padha andhok ing tanah
Kang gosong kepanasen
3
Dhuh Yehuwah Allah amba
Tuwan minggah ing sasengkan
Ambandhang tyang tawanan
Salir tiyang sowan samya
Dalah ingkang ambalila
Nyaosaken pisungsung
Pinuji-puji Pangeran
Sadina-dina angrembat
Momotaning pra abdi
Yehuwah Pamarta kita
Luwih gedhe pangwasanya
Ngluwari saka pati
4
Sakehing kraton ing bumi
padha repekna memuji
Pangeran kang Ma’kwasa
Saosana kaluhuran
Akanthi swaraning kawat
Ngidungaken asmanya
Wit kaluhurane Allah
Angayomi mring kang umat
Ngetingalken kwasanya
De umate pinaringan
Santosa lan kaluhuran
Pinujia asmanya

OK