KPKL 22 Masmur 86
1=G
Versi Version 1
1
Dhuh Allah mugi myarsakken
Lan mugi njurungana
Dhateng pasambat kawula
Wit kesrakat lan papa
Nyawamba Tuwan reksa
De mursid sedya kula
Mugi kapitulungana
Dhuh Gusti gendholan amba
2
Dhuh Allah mugi melasi
De adreng sambat kula
Kawula Tuwan paringi
Bingah ing manah amba
Nyawa kula, dhuh Gusti
Tan pegat nganti-anti
Dhateng Tuwan Allah amba
Mila Tuwan tulungana
3
Agung kasaenan Tuwan
De rena angaksama
Langkung gung sih-kadarmannya
Mring kang sami cilaka
Tiyang kang nyebut Tuwan
Sami kapitulungan
Mugi Tuwan myartakaken
Swaraning pasambat amba
4
Dinten kribedan kawula
Mesthi sambat mring Gusti
Wit tan wonten kang nyameni
Tuwan kang nrimah puji
Kang tumindak sadaya
Nelakaken kwasanya
Dene dhatan wonten Allah
Anjawi Tuwan piyambak
5
Para umat kang tumitah
Badhe sami asujud
Sarta nyaosaken urmat
Dhateng kang Mahasuci
Tuwan pyambak maluhur
Nindakaken mukjijat
Denenamung Tuwan piyambak
Allahipun para umat
6
Kula mugi Tuwan wulang
Ndherek karsa Paduka
Mlampaha ing margi Tuwan
Angen-angen kawula
Mugi dipun tunggilna
Mring pangabekti nyata
Manah amba katuntuna
Ngluhuraken asma Tuwan
7
Dhuh Gusti, kawula nggunggung
Asma Tuwan kang luhur
Kanthi gumulonging manah
Tansah kula luhurken
Wit agung kadarmannya
Lan sih Tuwan mring amba
Karsa paring pitulungan
Nyawamba kaentasaken
8
Tyang angkuh sami ngayoni
Dhateng kula dhuh Allah
Tiyang ambek ngroda ngangkah
Dhateng nyawa kawula
Nanging Tuwan mahawlas
Asih, sabar lan setya
Tuwan mugi ngudaneni
Klayansih dhateng kang abdi
9
Kang abdi pinaringana
Pangungsen kang santosa
Anakipun abdi Tuwan
Pinaringana tanda
Ing sih Tuwan, supadya
Wiranga satru amba
Wit kawula tinulungan
Ginanjar panglipur Tuwan

OK