KPKL 23 Masmur 89
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Kula ngalembana mring kang Mahaagung
Tansah kula sebut setyatuhunipun
Sumrep kula nadyan sampun agung sihipun
Tansah badhe mindhak pratandha piwlasipun
Upami langit kang tan gingsir saking done
Makaten dhatan ewah-ewah kasetyane
2
Rahayu tyang remen datheng sabdheng Allah
Lampahira sasat kasorotan tansah
Ing cahya kang mancur saking wedana Tuwan
Bingah manahipun dening sihe Pangeran
Prasetya Tuwan amesthi tan nglingsemaken
Kaadilan Tuwan malah angluhuraken
3
Pangeran kang dados pangauban mulya
Wah malih pikekahing kakwatan kula
Kula badhe unggul ing saliring bebaya
Malah kaparingan kamulyan aneng swarga
Sabab Pangeran kang nemengi umatipun
Sinungan Panutan kang langkung dening kwasa

OK