KPKL 25 Masmur 91
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Endi wong kang dumunung
Ana ing pangaubane Allah
Amangon ing pangayomane
Allah kang maha kawasa
Iku panyebute mring Allah
“Dhuh Gusti pangungsen kula
Beteng kawula kang santosa
Lan andel-andel kawula”
2
Pangeran nguwalken pra abdi
Saka ing jireting germa
Lan saka bladeraning bilai
Kinemulan ing swiwinya
Sarta padha nemu pangungsen
Ana sangisoring lare
Kasetyaning Allah kang dadi
Tetameng lan tawingira
3
Sira masti dhatan kuwatir
Mring pagiris wayah bengi
Lan ora kwatir marang panah
Kang lumepas wayah awan
Mring pageblug kang anekani
Ana ing panggonan peteng
Tuwin marang bebaya pati
Kang mbilaeni mring sira
4
Ing sandingmu ewon kang tiba
Sarta leksan ing tengenmu
Sira mesthi ora kecandak
Lelakone mung kodeleng
Dadine sira mung amawang
Tumindaking pamalese
Pangeran Allah mring wong ala
Nging sira tansah kareksa
5
Dhuh Allah, Tuwan ingkang tansah
Dados pangauban kula
Kang Mahaluhur sira anggep
Dadi pangayomanira
Dadine ira mesthi dhatan
Ketekan sagung bilai
Sarta tan ana kasangsaran
Kang nyedhaki tarubira
6
Marga Pangeran andawuhi
Mring para malaekatnya
Pinatah rumeksa mring sira
Ing sadhengah dalanira
Sira ditadhai astanya
Supaya aja kesandhung
Singa galak, ula bedhudhak
Bakal sira idak-idak
7
Sarehne umaket mring Ingsun
Amesthi Sunpitulungi
Sunreksa aneng papan dhuwur
Wit ngurmati Asmaningsun
Saben nyebut mring Asmaningsun
Amesti Sunsembadani
Tuwin sajroning kasangsaran
Mesthi tansah Sunrumati
8
Sajroning sagung krubedane
Amesthi Sunentasake
Sarta bakal Sunluhurake
Sunwaregi umur dawa
Sarta Sunparingi amukti
Karahayon saka Ingsun
Dhuh Allah, namung Tuwan pyambak
Dados pangauban ulun

OK