KPKL 28 Masmur 87
1=D 2/4
Versi Version 1
1
Yehuwah ajumeneng raja
Salumahing bumi bungaha
Pulo padha suka rena
Mendhung lan pepeteng samya
Dadi pangiring Allah
Mratelakken pangwasanya
2
Geni mlaku dadi cecala
Aneng ngarsane Allah kita
Ngobongi sagung satrune
Bledheg dadi pepadhange
Ing sajagad, temah bumi
Ningali sarta agiris
3
Gunung ajer prasasat malam
Ana ing ngarsaning Pangeran
Dene langit mratelakake
Kaadilane Yehuwah
Sarta saliring pra bangsa
Padha weruh kluhurannya
4
Wiranga saliring manusa
Kang padha ngabekti mring reca
Sarta ingkang padha dhemen
Anggunggung marang brahala
Pra pangwasa tumungkula
Lan sujuda mring Pangeran
5
Siyon sampun mireng wartosnya
Temahan padha suka rena
Para prawira abingah
Saking kaleresan Tuwan
Allah ingkang mahaluhur
Munjuli para pangwasa
6
Eh, wong kang tresna marang Gusti Allah
Padha sengita mring piala
Allah mesti tansah ngreksa
Nyawane para abdinya
Kang padha diuwalake
Sing tangane wong duraka
7
Padhanging Allah wus sumebar
Mring wong kang lakune tan nasar
Kabungahan mring wong temen
Wong mursid padha bungaha
Padha kidungna lan puji
Asmaning Allah kang suci

OK