KPKL 30 Masmur 103
1=D 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh nyawaku sira saosa puji
Mring Pangeran Allah kang Mahasuci
Sabatinku ngluhurna asmane
Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna
Aja lali sagunging kadarmannya
Elingna sawiji-wijine
2
Pujinen kang ngapura dosanira,
Kang marasken sagung lelaranira,
Nebus uripmu saking antaka
Kang angerobi sira lan kawlasan,
Kang maregi urnurma lan kadarman
Wah ngenomake kakwatanira
3
Yehuwah paring adil lan karunya,
Mring saliring wong kang kinuya-kuya,
Saklangkung dennya apalimirma,
Agung sabare lan sih kadarmannya
Dennya duka ora ing salamanya
Tan karsa nglanggengake bendhunya
4
De Pangeran langkung sarju ing galih
Maringi pangaksama lan pangarih
Mring wong kang mratobat trus ing ati
Paniksane tan nimbangi dosaku,
Sestu dhatan karsa amales aku
Ing sabobote duraka mami
5
Sepira langit angungkuli bumi,
Semono gungling sihe kang Masuci
Mring wong kang nyaosi pangabekti
Sepira dohe kulon saking timur
lya semono dennya dosaningsun
Ingedoh’ken saking awak mami
6
Kadya welasing bapa mring anaknya,
Mengkono Allah dennya asih-mirma
Mring wong kang nyaosi pangabekti
De’ mirsa dumadiku saka apa,
Sarta dhatan supe ing salaminya,
Yen mung lebu kaananku iki
7
Kadya suket umure para jalma,
Endahe lir kembang ing ara-ara,
Kang asri ing warna nanging ringkih
Mung kambah ing angin dyan wus tan ana,
Hang endah arum miwah warnanya
Tilas panggonane kongsi pangling
8
Ananging sih-kadarmane Yehuwah
Awal akirnya dhatan ewah-ewah
Ing atase para kang ngabekti,
Wah paring adil mring anak putune
Yeku kang netepi ing prasetyane,
Anglakoni prentahe kang suci
9
Pangeran wus nyantosakken dampare
Aneng swarga wah angelar krajane
Nganti mengku samubarang wrata
Eh pra mlaekat prawireng Pangeran,
Kang mundi sasuraosing parentah,
Padha ngluhurna Allah kang mulya
10
He sabala tantrane Allah samya
Pra abdinya kang nglakoni karsanya
Padha saosa puji mring Yuwah
Eh, sakutu-kutu walang ataga
Padha ngluhurna mring kang Mahakwasa
Dhuh nyawaku ngluhurna mring Allah

OK