KPKL 31 Masmur 105
1=D 2/4
Versi Version 1
1
Padha saosa puji sukur
Marang Allah kang Mahaluhur
Wulang bab asmane suci
Den gelarna aneng bumi
Pangwasane disuwurna
Aneng tengahe pra bangsa
2
Padha saosana pamuji
Klawan masmur lan kidung suci
Mukjijate caritakna
Marang sakehing manusa
Padha luhurna asmanya
Klawan panabuhing gangsa
3
Abungaha wong kang ngupaya
Pangayunane kang Ma’kwasa
Padha anitik-nitika
Mungguh kwasane Pangeran
Ngupayaa wedhanane
Elinga mring mukjijate
4
Turune Abraham abdine
Anake Yakub pilihane
Yehuwah Pangeran kita
Pangadilane tetela
Nyrambahi salumah bumi
Prajanjine denengeti
5
Allah ngengeti prajanjine
Sarta dhawuh ing prasetyane
Kang tumrap sewu turunan
Diparingken mring Abraham
Supaose marang Iskak
Langgeng tetep tumrap Yakub
6
Yehuwah ngengeti sabdane
Lan prasetyane mring abdine
Kalawan bungah umate
Denirid dhateng tanahe
Supaya anetepana
Lan ngestokna pranatannya

OK