KPKL 35 Masmur 118
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Pra jalma padha angluhurna
Mring Allah kang asih darma
Wit sih kadarmaning Pangeran
Alanggeng ing salamanya
Para kang ngabekti mring Allah
Ngucapa lan sukarena
Yen sih kadarmane Pangeran
Alanggeng ing salamanya
2
Sajroning rubed lan sangsara
Aku nyebut mring Pangeran
Tumuli pinaringan omber
Pasambatku sinembadan
Allah anunggil karo aku
Aku bakal ora wedi
Jalma bisa manggawe apa
Kang tumrap ing awak mami?
3
Allah anunggil karo aku
Kang sarta paring pitulung
Mula tansah ayem atiku
Nadyan satruku luwih agung
Becik angungsi mring Pangeran
Karo sumendhe ing jalma
Becik angungsi mring Pangeran
Karo kumandel ing raja
4
Pangeran mitulungi aku
Karsa paring pangentasan
Mula tansah dakluhurake
Saumurku klawan girang
Neng omahe para wong mursid
Ana sabawa gumiyak
Arame dennya ngidungake
Kaunggulane sihrahmat
5
Asmane Allah ingkang luhur
Anindakken kaprawiran
Sun bakal tan ngalami mati
Nging urip tumekeng dlahan
Kang sarta anyaritakake
Pakaryane Allah mami
Dhahat paniksane mring aku
Nging ora tumekeng pati
6
Kula mugi kawenganana
Gapuraning kamursidan
Kula mlebet maring pamujan
Memuji dhateng Pangeran
Lah iki gapurane Allah
Para kang mursid mlebua
Dhuh Allah, gung panuwun kula
De karsa nrimah ing kula
7
Watu kang biyen wus tinampik
Dening juru gawe omah
Teka dadi ugering padon
Kang pinilih dening Allah
Iki riyayane Pangeran
Payo padha suka rena!
Dhuh Allah sapunika mugi
Tuwan paring berkah arja
8
Binerkahana ingkang rawuh
Ngagem asmanya Pangeran
Paduka kula suwunaken
Berkah wonten ing pamujan
Yehuwah iku Allah kita
Kang paring padhang ing manah
Pisungsunge sapasamuwan
Sinaosna klawan bungah
9
Tuwan punika Allah kula
Mila kawula pepuja
Dhlih Allah kula ngluhuraken
Tuwan langgeng salaminya
Pra jalma padha angluhurna
Mring Allah kang asih-darma
Wit sih-kadarmane Pangeran
Alanggeng ing salamanya

OK