KPKL 36 Masmur 119
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Rahayu kang utama lakune
Ngambah dalaning prentahe Pangeran
Rahayu kang netepi dhawuhe
Wong kang manut ing sapangrehe Gusti
Sarta tansah telaten netepi
Sakarsane klawan eklas ing ati
2
Dhuh Gusti, punapa isaratnya
Tyang neneman saged jujur ing lampah
Kejawi dipun reh mituruta
Sapangandika lan prentahing Allah
Kawula sampun ta Tuwan uja
Nyaleweng nilar ing pepaken Tuwan
3
Tuwan mugi ngirid lampah amba
Manut mituruta ing prentah Tuwan
Dhatan pegat salami-laminya
Kula Tuwan paringi manah padhang
Dhawuh Tuwan kawula estokna
Klayan eklas lan gumolonging manah
4
Dhuh Yehuwah, wicanten kawula
Tuwan punika panduman kawula
Dene kawula namung sumedya
Badhe netepi salir dhawuh Tuwan
Tuwan mugi maringi sih mirma
De panyuwun kawula kanthi eklas
5
Sestu sabda tuwan dados dilah
Wonten ing ngajenging suku kawula
Margi kula tansah denpadhangi
Dhuh Gusti, kawula sampun supaos
Kawula tansah badhe netepi
Prentah Tuwan kalawan trusing batos
6
Dhawuh pangenget Tuwan punika
Sami adi tur elok anglangkungi
Inggih punika pusaka kula
Sarta kabingahaning manah kula
Sabda Tuwan maringi pepadhang
Lan mangertos mring kang cupet ing budi
7
Yehuwah kawula sebut
Kanthi gumolong lan eklasing manah amba
Mugi Tuwan karsa nyembadani
Kawula netepana dhawuh Tuwan
Kang abdi sesambat dhateng Tuwan
Mugi kaparingana karaharjan

OK