KPKL 44 Masmur 136
1=Es 4/4
Versi Version 1
1
Padha saosa puja
Mring Hyang kang asih darma
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
2
Padha saosa bekti
Mring Allah kang Ma’sekti
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
3
Padha saosa puji
Mring Gustine para Gusti
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamannya
4
Namung Allah piyambak
Kang nindakken mukjijat
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
5
Allah kang nitahake
Langit samudayane
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
6
Pratala lan samodra
Hyang Ma’agung kang murba
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
7
Allah nitahken surya
Kang mengku ing raina
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
8
Lintang-lintang lan sasi
Pinatah mengku wengi
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
9
Allah ngirid umatnya
Mring enggoning raharja
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
10
Allah apalimirma
Mring pra kang sinangsara
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
11
Allah angrebat kita
Saking dayane nraka
Asit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
12
Allah aparing bukti
Mring saliring dumadi
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya
13
Padha saosa puja
Maring Allah ing swarga
Awit sih kadarmannya
Langgeng ing salamanya

OK