KPKL 46 Masmur 139
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Allah ingkang Maha wikan
Tuwan njajagi tyas kula
Kawula ngadega linggiha
Tuwan mirsani sadaya
Sanadyan saking katebihan
Tuwan dhatan kilapan
Dalah osiking manah kula
Tan wonten kang kesamaran
2
Kula lumampaha asoa
Tuwan mirsa niyat kula
Pundi margi kang kula ambah
Nggih Tuwan titi sadaya
Ilat kula tan kumedala
Tuwan ugi sampun mirsa
Ingkang dados pikajeng kula
Wah kang cinipta ing driya
3
Tuwan angrampit dhateng kula
Ing ngajeng klayan ing wuri
Tansah kungkulan asta Tuwan
Ing sapurug-purug mami
Kawruh punika kaeloken
Tumrap ing nalar kawula
Saestu tan kenging ginayuh
Ing budinya para jalma
4
S’engga badhe ngoncati Tuwan,
Plajeng kula dhateng pundi,
Wah nilapaken tingal Tuwan,
Dhateng pundi purug mami ?
Yen sumengkaa dhateng swarga,
Ngrika pangayunan Tuwan,
mandKapa mring teleng plimunan,
Inggih dhatan ketilapan
5
S’upami kula anganggea
Swiwinipun bambang timur,
Dyan anyabranga ing seganten,
Tebih anggen kula mabur,
Tuwan inggih wonten ing ngriku,
Saha kawula tinuntun
Ing asta Tuwan ingkang kwasa,
Kang anyepeng maring ulun
6
Munggwing peteng ‘nggih tan nglimputi,
Malah damel kedengangan,
Tur wanci dalu langkung padhang
Wonten ing paningal Tuwan.
Sestu tan saged angalingi
Ing satingkah polah ingwang,
Wit dalu sami kados rinten,
Wah pepeteng kados padhang
7
Dhuh Allah mugi anjajagi
Lan nupiksani tyas kula,
Kawula mugi Tuwan dadar,
Cipta kula tinitika
Mugi ngyektosi lamun kula
Ngambah margining bilai,
Wah mugi Tuwan lampahaken
Wonten margining basuki

OK