KPKL 47 Masmur 146
1=C 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh nyawaku asumyaka
Panggunggungmu mring Allah
Sajegku dakluhurake
Klawan ati kang bungah
Slawase sinung umur
Dak puji klawan masmur
Dak puji klawan masmur
2
Aja ngandelake raja
Kaanane mung lebu
Dhatan kwasa mitulungi
Miwah paring rahayu
Lamun apegat nyawa
Dyan lebur saciptanya
Dyan lebur saciptanya
3
Arahayu wong kang darbe
Pamomong Hyang Ma’kwasa
Wah tan darbe andel-andel
Mung Pangeran ing swarga
Rahayu wong sumendhe
Mring Yehuwah Allahe
Mring Yehuwah Allahe
4
Pangeran yeku kang murba
Pratala lan akasa
Kasetyane dhatan ewah,
Tan kendhat salamanya,
Tansah dennya angreksa
Mring para kagungannya
Mring para kagungannya
5
Pangeran kang paring adil
Marang wong kaniaya,
Wah angolehake bukti
Mring para kang alapa,
Wong lelaran bandangan
Sinungan kaluwaran
Sinungan kaluwaran
6
Pangeran kang ang’lekake
Matanira wong wuta,
Njejegake kang tumungkul
Wah rempu atinira
Randha lan bocah lola
Rineksa kang santosa
Rineksa kang santosa
7
Pangeran jumeneng Raja
Langgeng ing salamanya,
Sarta dhatan ewah gingsir
Kasetyan lan kwasanya,
Turun tumurun dennya
Angreksa pasam’wannya
Angreksa pasam’wannya

OK