KPKL 66 Kasucenipun Gusti
1=Bes 4/4
Versi Version 1
1
Gusti Yesus tanpa dosa
Yogya pinuji-puji
Mantepipun ing pracaya
Lan nggennya manut kang Rama
Sajegipun neng donya
2
Kasucenipun linuwih
Purwa tekeng duksina
Saha dhasar trus ing galih
Salamira tan manggih
Lepat s’kedhik-kedhika
3
Nadyan satrune kang samya
Ngangkah badhe mejahi
Kathah nggenira anerka
Mring Gusti, nging lepatipun
‘Nggih tan saged mastani
4
Dhatenga ing pundi-pundi
Kang nggodha pinten-pinten
Samanten ‘nggih tulus suci
Dhasar tanpa cacad Gusti
Ingkang nandhingi sinten ?
5
Mila ketawis kewala
Rumaketnya lan Allah
Wit saking kasucenipun
Ngungkuli pra nabi samya
Yektos kang Putra Allah
6
Kang Rama inggih narimah
Sanget nggenipun asih
Dene sareng sampun pasrah
Nemahi sakit lan pejah
Allah nggesangken malih
7
Nunten ginanjar kamulyan
Wah kamukten ing swarga
Pangwasa inggih sinungan
Kaangkat Ratu Panutan
Ing pra umat sadaya
8
Dhaweg kanca, sami pasrah
Sarta manut ing Gusti
Ingkang temen trus ing manah
Nggen kula tobat ing Allah
Inggih kang Mahasuci
9
Kula rumaos tyang dosa
Tinandhing klayan Gusti
Saestu boten prayogi
Malih-malih kenging godha
Lali mring kang Ma’suci
10
Panyuwun kula : Dhuh Rama
Sageda kula, sami
Tumulad dhateng kang Putra
Inganggepa Ratu kula
Sarta dipun tut-buri
11
Mendah nea begja kula
Yen saged nelad Gusti
Ing benjing badhe sampurna
Lepat sakathahing dosa
Tur langkung dening mukti

OK