KPKL 7 Masmur 27
1=G
Versi Version 1
1
Allah iku pepadhang lan Pamartaku
Allah kang dadi pikekahing uripku
Sapa sing dak wedeni lan daksumelangi?
Anaa wong durjana satru lan mungsuhku
Padha anyedhaki nedya mangan dagingku
Mesthi padha kejengkelok tumuli tiba
2
Nadyan aku diaraha dening bala
Kang luwih dening akeh pada nyuriga,
Kang iku atiku datan wedi tan giris;
Sanadyan aku dilurugana ing prangan
Isih lejar bae atiku,
awit Allah Kang tansah dadi pepadang
lan Pamartaku
3
Saprakara kang daksuwun marang Allah;
Mesti dakupaya,
yaiku supaya salawase urip
Aku bisaa manggon
Saj’roning daleme Yehuwah Pamartaku,
Nyawang kadarmane, dakrasak-rasakake’
Kalawan kesengsem ana ing pasucene
4
Dene ing dinane agung karubedan
Aku diumpetake’dening Pangeran
Dialing-alingi ing gubahing tarube
Diunggahake mring sadhuwuring parange
Iku awit Allah kang dadi Pamartaku
Allah kang dakanggep pikekah ing uripku
5
Ing samengko sirahku linuhurake
Ngungkuli sagung satru kang ngrubung aku
Sarta ana sajroning tarube Pangeran
Aku bakal anyaosake kurban sukur
Kanthi karamean sarta angrepekake
Pujining Yehuwah kanti swaraning kawat
6
Dhuh Yehuwah mugi karsa myarsakaken;
Swara kawuta, mugi Tuwan welasi
Kaparingana wangsulari dhuh Allah kula;
Manah kawula nggilut-gilut dawuh Tuwan;
“Sira tansah ngupayaa wedana-ningsun”
Punika inggih kawula upados, Gusti
7
Tuwan mugi sampun angaling-alingi
Wedana Tuwan dhateng kula pun abdi;
Mugi sampun Tuwan sampe kalawan duka,
Wit Tuwan ingkang dados Pamarta kawula,
Mugi kawula sampun Tuwan tegakaken,
Dhuh Allah kang mengku karahayon kawula
8
Bapa biyung sampun anilar kawula,
Nanging Yehuwah ingkang mesti amupu.
Dhuh Yehuwah mugi kawula Tuwan wulang;
Margi Tuwan, sarta kawula Tuwan tuntun;
Kalampahaken wonten ing radinan Tuwan;
Karana ingkang sami ndedepi kawula.
9
Dhuh Gusti sampun ngulungaken kawula;
Dhateng panyiyanipun satru kawula;
Katah seksi dora kang sami nglawan kula;
Sarta inggih katah kang sami ngangsa-angsa
Sami damel karisakaning abdi Tuwan;
Kawula ngungsi mring Tuwan Pamarta kula
10
Saupama aku tan duwe pangandel;
Yen mesti oleh kadarmane Allahku;
Salawase aneng bumine wong ngaurip,
Rak bilai aku
Mula nganti-antia marang Allah,
Temah dadi lipur atimu;
Di tatag lan nganti-antia mring Allahmu.

OK